Friday, September 12, 2008

SASTRA LESAN: PIWULANG KAUTAMANING BEBRAYAN

Dening:

Drs. Imam Sutardjo, M.Hum.

(Pangarsa Jurusan Sastra Daerah FSSR – UNS lan Komite Basa Jawi Pusat Surakarta)

Kasusastran mujudaken peranganing kabudayan, lan kabudayan menika ngemot kapitadosan, tatacara lan upacara adat, cipta rasa budi karsa saha gegayuhaning bebrayan ingkang tansah dipunwarisaken dhumateng para putra wayah. Kasusastran menika tembung lingganipun sastra, saking tembung wod sas- tegesipun mulang, ngajar, ngandhani, utawi nggulawenthah. Imbuhan tra- tegesipun piranti, alat utawi sarana. Tembung sastra saking tembung Jawi kina castra tegesipun hukum utawi pranatan, lan ing basa Jawi enggal tembung sastra tegesipun sarana utawi piranti kangge mulang. Kanthi adhedhasar etimologi utawi asal-usulipun tembung kalawau, kasusastran tegesipun wohing pamikir saha budinipun manungsa ingkang awujud racikanipun basa lesan (pangandikan) utawi tulisan (seratan) ingkang ngemu kaendahan (Subalidinata, 1994). Pramila bebrayan Jawi sami anganggep menawi sastra Jawi menika mujudaken peranganipun budaya ingkang adiluhung, lan prayogi tansah dipunlestarekaken.

Sastra lesan ingkang sumebar wonten samadyaning masarakat Jawi racakipun awujud basa gancaran (prosa), lan wonten ingkang awujud basa pinathok (puisi, sekar, tembang). Sastra lesan ingkang adhapur basa gancaran menika saged awujud paribasan, bebasan, saloka, sanepa, isbat, cangkriman, dongeng, lan sanes-sanesipun. Wondene ingkang adhapur sastra lesan adhakanipun awujud sekar utawi lelagon, suluk, parikan, wangsalan, geguritan, lan sanes-sanesipun. Sedaya peranganing sastra lesan menika ingkang ngemot pitutur luhur, kautaman saha kasampurnaning agesang utawi ngelmu kasepuhan, dipunwasatani sastra suluk (suci, mistik, tasawuf). Wondene sastra suluk (suci) menika asring dumunung wonten isbat, cariyos wayang, karya sastra mistik/ suluk saha lelagon-lelagon tradhisional tetilaranipun wali sanga rikala anyebaraken agami Islam wonten laladan bumi pertiwi.

Sastra suci/ suluk menika ngemot pitutur babagan panembah, wontenipun nyawa (suksma, jiwa) lan raga utawi sangkan paraning dumadi, supados gesangipun manungsa boten kesasar, menawi seda (murud ing kasidan jati) suksmanipun saged mulih mula mulanira. Cariyos wayang ingkang ngrembag menika tuladhanipun Dewa Ruci utawi Bima Suci, Rama Nitis, lan sanes-sanesipun. Ingkang kalebet karya sastra suluk, inggih menika suluk: Sakaratul Maut, Seh Malaya, Wujil, Sirul Ustad, Sukarsa, Malang Sumirang, lan sanes-sanesipun.

Sastra lesan isbat upaminipun wonten tetembungan: (1) Kodhok ngemuli lenge, (2) ngangsu apikulan warih utawi amet geni adedamar, (3) golekana galihing kangkung, (4) apa isine wuluh wungwang?, (5) golekana tapake kuntul nglayang. Ukara isbat menika menawi kawawas satleraman tegesipun ketingal aneh lan boten limrah, jalaran ukara menika pancen ngemu pasemon. Upaminipun kodhok ngemuli lenge; ingkang limrah lengipun ingkang ngemuli kodhokipun. Jalaran kodhok menika pasemonipun jiwa (suksma, nyawa), leng minangka pasemon raga (awak, badan wadhag, ngemuli tegesipun anjaga, rumeksa utawi ngereh. Maknanipun jiwaning manungsa kedah saged mengreh raga utawi napsunipun, supados menawi seda saged sampurna. Wondene isbat ingkang sinawung ing sekar asring pinanggih wonten Kidungan, tuladhanipun: Ana pandhita akarya wangsit/ mindha kombang angajab ing tawang/ susuh angin ngendi nggone/ lawan galihing kangkung/ wekasane langit jaladri/ isining wuluh wungwang/ lan gigiring punglu/ tapake kuntul anglayang/ manuk miber uluke ngungkuli langit/ kusuma anjrah ing tawang// (Padmosoekotjo, 1960).

Sastra lesan awujud lelagon yasanipun walisanga ingkang ngemot kautamaning gesang tuladhanipun lelagon: Sluku-sluku Bathok, Ilir-ilir, Cublak-cublak Suweng. Lelagon Ilir-ilir anggambaraken bayi ingkang nembe lair (penganten anyar), menika tasih resik dereng anggadhahi kalepatan (dosa), pramila supados manah tansah resik, menggahipun tiyang Islam; rikala tasih gesang kedah tansah nindakaken rukun Islam utawi solat gangsal wekdal (penekna blimbing), kangge ngresiki sedaya kalepatan (kangge masuh dodotira). Supados manahipun boten reged, jiwanipun boten risak (kumitir bedhahing pinggir), kangge marak sowan wonten ngarsanipun Gusti Kang Murbeng Dumadi (Alloh S.w.t) (kanggo seba mengko sore). Wondene lelagon Sluku-sluku Bathok menawi dipunsurasa ugi ngemot piwulang babagan wigatosipun tansah anjagi resiking manah kanthi tansah nyebat asmanipun Pangeran, jalaran manah utawi penggalih menika dados sumber awon saenipun tumindakipun manungsa. Cakepan lagunipun mekaten: ghusluk-ghusluk batnaka, batnaka lailaha ilalloh, sir uma yasluka, lailaha ilalloh hayun wal mauta, mandzalik muqarabah, chinall maut ilaa robbah, inna robbah mandhi Rohmah, mahabatan mahrojuhu taubatan, yasrifu innal khalagnal insana min main dhofiq (Suwardi, Nur Kayat, 2007). Tegesipun: resikana atimu kanthi tansah dikir nganggo kalimah Lailaha ilalloh kanthi ndherek cara kang wis ditindakake Uma (Nabi Muhammad SAW). Tansah nyebut Lailaha ilalloh wiwit lahir (urip) tumeka mati supaya husnul khatimah. Mula manungsa kudu tansah mawas dhiri marang kabeh tumindak lan kaluputane, tansah tobat, golek dalan padhang supaya tansah dikasihi Alloh S.wt, lan bisa mangerti sangkan paraning dumadi. Manungsa bisa urip mulya ana ing ngalam ndonya sanajan asale saka barang kang ala (dhofiq = air mani).

Sastra lesan ingkang sumebar wonten bebrayan pranyata ngemot pitutur luhur lan piwulang kautaman tumrapipun gesang bebrayan, supados manungsa tansah emut (eling) lan nglenggana bilih gesang menika namung mampir ngombe, pramila kedah waspada lan tansah tumindak utama, anggayuh manungsa ingkang sampurna tansah asih tresna dhumateng sesama.

No comments: