Tuesday, December 9, 2014

Kata Pengantar Dalam Upacara Pernikahan Adat Jawa

Assalamu’alaikum, Wr , Wb.
Kulanuwun
            Bakdasalam keparenga kula hangaturi uninga mbokbilih Gusti Allah hangganjar wilujeng. Samudayanipun Insya Allah ing dinten Selasa Pon 3 Juli 2012 utawi 13 Sya’ban 1433 H. kulo kekalih bade netepi dharmaning asepuh gadah damel ngunduh mantu anak kula :

Joko susilo
DAUP KALIYAN
Anik Pujiyanti
Putrinipun Bp. Bambang ingkang pidalem ing Surakarta 
Desa Jajar Kota Surakarta.

            Ingkang punika mbokbilih sepen ing pambengan saha dangan ing penggalih kula kekalih nyuwun pambiyantu panjenengan sekaliyan tumut krida dharma amrih rancag lampahing damel,  keparenga kula aturi niti priksa jejer lan dapukan panjenengan sedaya wonten ing rantaman ingkang kula aturaken sareng punika.
            Sanget ing pangajeng ajeng kula kekalih tumrap pambijantu panjenengan, sak dereng lan sak sampunipun kula kekalih ngaturaken agunging panuwun.
Billahi taufik wal hidayyah
Wassalamu’alaikum ,Wr, Wb.

                                                                                                Kula kekalih,


                                                                                                Paimin-Susi

No comments: