Monday, August 31, 2009

WEDANGAN...!!!

Oleh : Rohadi Budi Widyatmoko

Belum hilang rasanya ketika berbagai media masa masih menyiarkan hasil pemilihan calon legislatif yang masih kental dengan kontroversi. Ada lagi berita yang mengejutkan dari Jakarta tentang pembunuhan direktur Putra Rajawali Banjaran.
”Wis ketemu sing mateni Nasrudin” ungkap mbok ginem mengawali pembicaraan.
‘Apa iya to mbok, lha wong sing mateni kuwi diindikasi wong sing terlatih lan berduit alias wong ora baen-baen” jawab lik karto sambil memesan kopi jahe kesukaannya..

“Dikandhani kok malah maido, galo gon tipi wis gencar pemberitaane’
“sapa kuwi ketua KPK”
“Antasari Ashar” saut lik karto.
“malah jare terlibat, dadi otake pembunuhan” jawab mbok ginem.
“lha alesane opo mbok?” Tanya lik karto serius sampai tidak jadi nyruput kopi jahenya.
“walah…..biasa wae jane masalahe, pada cah-cah enom saiki” jawab mbok ginem.
“wong wedok” timpal lik karto
“masak masalahe mung wong wedok thok to mbok kok mung sepele men. Aja-aja ada udang dibalik batu”.
“jarene yo ngono, apa kuwi jeneng kerene” jawab mbok ginem sambil mengaduk teh anget buat pelanggannya yang baru datang.
“konspirasi politik?” jawab lik karto
“ya kuwi sing tak maksud. Coba nalaren mosok mung masalah wong wedok wae direwangi nganti merjaya kancane nganthi tekane pati. Kaya ra eneng wong wedok liya. Ya po ra?”
“wah.. aku dhewe ya ra mudeng mbok, jane ki cah lanang rak kari milih po nuding. Apa meneh dheweke sugih, dadi pejabat Negara sisan” jawab lik karto sambil nyruput kopi jahenya.
“isoh wae to mbok wong wedok kuwi mung digawe tameng, supaya Antasari oleh masalah lan lorot saka jabatane”.
“ ya, isoh wae. pancen penguasa kuwi ora isoh adoh saka wong wedok, lhak yo wis pada mudeng to harta, tahta lan wanita kuwi dadi siji alias sak paket lan kuwi dadi idam-idamane wong urip. Po meneh wong wedok jaman saiki ora pengin rekasa, pengin urip kepenak, ora usah kerja tengak-tenguk nemu gethuk mung modal ba…..
“wah…jo saru to mbok” timpal lik karto
“saru piye to, maksudku ki mung modal bathuk ayu ki lho” sanggah mbok ginem sambil tersenyum.
“Tak kira liyane” jawab lik karto sambil tertawa lebar.
“ dadi wong urip ki ojo neka-neka, sapa nandur ki bakal ngundhuh perlu dieling-eling kuwi. Pancen godhane wong urip kuwi akeh terutama wong wedok kuwi dadi cobane urip sing abot, dadi yo aja ketlincut. Nafsu kuwi aja diumbar kudu dipeper. Ati lan pikiran kudu mlaku sesandingan. Nak nafsu diumbar ora eneng enteke, pingine kurang wae. Coba wacanen karyane Mangkunegara IV po karyane Paku Buwana IV kae, Serat Wedhatama karo serat Wulangreh. Lhak neng kana wis dijlentrehake kabeh. Wedhatama kuwi isine ajaran-ajaran tentang kebaikan, wong urip kuwi kudu duwe etika lan norma men ora keseret sing jenenge nafsu angkara. Lha nak wulangreh kuwi isine babagan ajaran-ajaran kanggo wong urip. Lhak wis jelas to nafsu angkara kuwi dadi mungsuhe manungsa sing paling utama”. ceramah mbok ginem.
”Wah...aku sarujuk kuwi mbok” jawab Lik karto sambil mengisap rokok lan nyruput kopi jahene.

No comments: