Thursday, March 25, 2010

Contoh Pambyawara Basa Jawa

Bismillahirohmanirohim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah Alhamdulillahirobbil’alamin washolatu washolamu azrofil ambiyaiwalmursalin wangala alihi washobihi ajma’in amaba’du.

Kula nuwun, katentreman, karahayon miwah kabagyan mugi tansah kasarira sagunging para lenggah. Para pinisepuh, para sesepuh, para rawuh kakung putri ingkang satuhu kinurmatan saha kangmas lan adhik-adhik ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita tansah ngunjukaken puji syukur Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Welas, lan Maha Asih, dene sampun kepareng paring kanugrahan, kenikmatan, rahmat lan kawilujengan dhateng kita. Shalawat saha salam mugi kaaturna dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, sakulawarga, para sakabat, lan sedaya pandherekipun ingkang tuhu setya nindakaken sunah-sunahipun.
Sakderengipun tata adicara pangaosan kawiwitan, pambyawara kepareng hangaturaken rerantaman adicara pengaosan ingkang badhe linampahan ing dinten menika.

1. Purwaka
2. Waosan Ayat Suci Al – Qur’an
3. Sambutan
4. Panglipur
5. Inti pengaosan dening Bp.
6. Waosan Do’a kalajengaken panutup
Para bapak-bapak saha Ibu-ibu ingkang kula kurmati
Amargi wekdal sampun ndungkap kawiwitan, dhumateng para paraga ingkang sampun kapacak kasuwun wiwit siaga ing gathi.
- Adicara ingkang sepisan inggih menika Purwaka, mangga pengaosan ing dinten menika kita bikak kanthi maos Basmallah sesarengan.
- Adicara ingkang kaping kalih inggih menika waosan Ayat Suci Al – Qur’an dening sedherek ……….kalajengaken waosan Sari Tilawah dening sedherek …………..Sumangga, nuwun………..kanthi waosan Ayat Suci Al-Qur’an punika mugi saget nambahi Iman saha Taqwa kita dhumateng Allah SWT.
- Lajeng adicara ingkang kaping tiga inggih menika Sambutan
Ingkang sepisan sambutan saking ketua panitia dening sedherek …………sumangga, nuwun.
Ingkang kaping kalih sambutan saking Takmir Masjid Al-Mujahiddin, Dening Bp………………, Sumangga. Nuwun.
Lajeng sambutan saking Kepala Desa…………, dening panjenenganipun bapa………, sumangga, nuwun.
- Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika panglipur, adicara punika badhe dipun isi kaliyan seni Hadroh saking adhik-adhik Al-Mujahiddin, sumangga, nuwun.
- Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika inti pengasosan ingkang badhe kababaraken dening panjenenganipun ….Sumangga.,nuwun.
- Adicara Candhakipun inggih menika waosan Do’a dening Bp…………, Sumangga
Minangka panutuping atur, mangga pengaosan menika kita tutup kanthi maos Hamdallah sesarengan, saking kula piyambak, mbok menawi wonten atur kula saklimah, lampah kula satindak ingkang kirang trapsila satemah mboten adamel renaning penggalih panjenengan, punapa dene para rawuh, kula nyuwun lumunturing samodro pangaksami..


Billahitaufikwalhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


No comments: