
Kurawa negerinipun wonten ing Amarta, kepingin ndamel cilaka marang pihak Pandawa inggih meniko negerinipun wonten ing Ngastina. Kurawa kaliyan Pandawa niku sedulur. Kurawa kepingin mbekto pihak Pandawa wonten jurang kesengsaraan. Ingkang dados perantara inggih menika guru Druna. Sena (Bima, Werkudara) meniko muridtipun guru Durna menehi wejangan inggih menika ingkang badhe nyapai kasampurnaan kangge kasucian raga, Sena dipunprentahaken patut marang sang Guru kangge madosi toya suci kauripan dhaten alas Tibrasara. Sena matuhi prentahipun sang Guru lan percaya kaliyan gurunipun mboten ajeng keletu lan pejah marang anjuranipun sang Guru. ingkang sakbenere sang Guru Durna gadah niat ajeng nyilokoni.
Wonten negeri Amarta, Prabu Suyudana/ raja Mandaraka/Prabu Salya grembag bab caranipun pihak pandawa saged dipun tipu ingkang cara alus sakderenge perang Baratayudha. Kaliyan Resi Druna, Adipati Karna, Raden Suwirya, Raden Jayasusena, Raden Rikadurjaya, Adipati saking Sindusena, Jayajatra, Patih Sengkuni, Bisma, Dursusana lan liya- liyane lan panggedhe ingkang dipun andalaken.
Durna menehi pitunjuk marang Sena. Saumpmane sampun nemukaken toya suciniku tandane sampun nyapai kasampurnaan, paling unggul sasama makhluk. Dipunlindungi bapa kaliyan ibu, mulia, wonten ing Triloka, uripipun kekal. Saklajangipun dipun cariossaken toya suci meniko letakkipun wonten alas Tribrasara, wonten ngandapipun Gandawedana, Wonten gunung Candramuka , wonten gua. Saklakangipun Sena nyewun pamit marang Druna lan Prabu Suyudana, medal saking istana. Sedaya pihak kurawa Sumringah, mbayangaken Sena saged dipun apusi lan Ancur dados lebu lawan raksasa ingkang jumlahipun kalih ingkang nempati wonten gua. Pihak kurawa optimis ngrayakaken kaliyan pesta.
Sena dugi wonten gua gunung Candramuka toya ingkang dipun padosi mboten wonten. Gua dipun obrak – abrik lan raksasa Rukmuka lan Rukmakala kaget, gelo lan nyedaki Sena. Sena njentrehaken maksutipun dhateng gua nanging kekalih raksasa menika tetep mawon ngamuk. Dados pertarungan, raksasa saged dipun kalahaken raksasa dipun banting lan ancur dados lebu. Sena ngamuk malih lan ngobrak abrik ngantos mboten dhuwe tenaga. Wonten jeronipun atina pikantuk rasa sedih kaliyan mikir caranipun saged intuk toya suci meniko. Saklajengipun ngandeg wonten ngandap wit ringin. Mboten Suwe Sena mireng suara ingkang mboten wonten wujude “ cucu kula ingkang nandang kasedihan, madosi ingkang mboten kepanggih, koe mboten intuk bimbingan ingkang nyata, sugguh ngadahi derita. Dipun cariossaken sena sampun pasrah. Suara kekalih dewa menika sakbenere Sang Hyang Indra lan Batara Bayu, njelentrehaken kekalih raksasa menika sak benere dipun hukun Marang Batara Guru.lajeng dipun ngendikakaken madosi toya suci. Sena dipunrentahken kodur ing Astina lan dipun wenehi ajian Jalasengara. Prentahipiun dipun turuti.
Wonten Astina Sena takon marang Sang Druna. Druna Nyariosaken tugas menika sakbenere ujian kangge muridtipun kangge nguji tekatipun. Inggkang paggonan saklerese wonten ing tengah Segara. Suyudana ngewangi kangge yakinnaken Sena. Sena Pamit kesak ing Segara. Saderenge kesah Sena Mampir Ing Ngamarta pangonanipun kerabat kerabatipun. Keluarganipun Sena wonten astina ngertos Kurawa ngangge tipudaya. Keluarganipun wonten Astina ngirim layang dhateng Ngamarta. Sena mboten saged dipun jegah. Kresna ngendika tipudaya Kurawa menika mangke nampi balasan saking Dewata ingkang agung.
Sesampenepun wonten Segara Sena nyegur wonten tengah Segara ngangge ajian Jalasengara. Wonten tengah Segara Sena Dipun Samber marang Naga Suparti. Naga nipun mbelebet sena ngantos ingkang katingal namung sirahipun. Raganipun sena lemas, nanging Sena sadar naga meniko dipun tusuk ngange kuku Pancanaka. Segara suasananipun tentram. Mboten suwe dhateng tiyang alit inggih menika Dewaruci. Sena njlentrehaken maksutipun teko wonten segara Inggih menika madosi Tirta Kamandanu. Sena dipun prentahaken mlebet wonten ragane Dewaruci. Wonten ragane Sena pikantuk ilmu ingkang sejati lan njlentrehaken rasianipun wonten alam meniko. Saksampunipun nrima wejangan Dewaruci ngilang lan sang Sena kembali wonten alam nyata.
Wonten pinggir Segara Sampun nunggu Arya sangkuni kaliyan para Kurawa nduga Sena sampun tewas sang tonggak pendawa meniko. Nanging sang Sena muncul. Ngertos sang Sena dereng pejah Kurawa maju menyerang, nanging sang sena saged ngindar lan kondur ing Amarta. Kaliyan pandawa dipun buntuti.
Murung wonten Ngamarta sampun sirna ingkang dipun sebabaken munculipun sang Sena. Sena sehat tanpa kirang satunggalipun raganipun. Wonten raut rainipun cemerlang cahaya surgawi. Kerusuhan wonten wingking ingkang dipun sebabkaken Kurawa saged dipun padamaken marang Sena kurawa dipun acak – acakan tanpa sisa.
No comments:
Post a Comment